Rabu, 27 Maret 2013

SPG

Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Bams. 

"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal. 
"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Bams. 
"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke. 
"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare Bams. 
"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke maneh. 
"Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk.." jare Bams ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu. 

Mari ngono tamune ditinggal nggolek kodok.. Pas Bams mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu.Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae. 

"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku. 
"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Bams. 
"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh. 
"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih." 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar