Senin, 25 Maret 2013

Preman Bar


bams,,mari panen lele entok duit akeh,,pengen mlaku2 ng BAR..pas dhek ngarep bartender,ambek macak cool bams pun mesen minuman.
"es dawet 1 mas,,nek ono sing tekan indramayu ae" jare bams.
"wes pirang tahun gk turun gunung cuk?" takok bartender e.
"maksud mu?" bams takok balik.
"iki BAR cuk,,gk nyediakno minuman ndeso koyok ngono" jawab bartender.
"ow..ngomong a ket mau..yowes,,wine + es batu" jare bams.

pas enak2 ngombe ambek tolah toleh,,moro diparani preman lokal,,sg awak e dempal,tatoan,brengosan sangar pisan raine..tanpa ba..bi..bu..moro2.."CIAAATTTT !!"..bams njungkel ditendang preman mau..
pas bams tangi,preman mau ngomong ambek nada sombong.
"iku mau TAEKWONDO tekan KOREA" jare preman mau.

krn wedi,,bams ora nanggepi,,trus lungguh maneh,,tapi moro2 preman mau nyidek i trus membanting bams ke lantai.."GUWBRAKK !!".
"iku JUDO tekan JEPANG" jare preman e.

bams pun gak nanggepi,,trus lungguh maneh (tapi clono e wes teles ki sangking wedine).

gk suwi.."GEDEBUGG !!"..tinjune preman bersarang di irung e bams.
"iku BOXING tekan AMERIKA" jare preman e.

saiki bams langsung metu alon2 tekan bar iku,,krn irung e wes getihen,,gk suwi mlebu maneh marani preman mau,,gk atek kesuwen moro2 " PLETAKK !!".
sang preman tersungkur pingsan..bams kate ngasih penjelasan,tp preman ki gk tangi2,,akhir e bams titip pesen ae ng bartender e.
"cuk,,nek preman ki ngkuk tangi,,warahono iku mau LINGGIS tekan GUDANG" jare bams.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar