Rabu, 27 Maret 2013

Pak Muddin

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang. 

Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip. 

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin sg jenenge Bams ben didungakno. 
Pas Bams enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok 
ambekan, raine pucet, tangane gemeter. 
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis. 
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek 
megap-megap, mbah Jo nulis surat. 
Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang Bams. 
Ambek Bams kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire. 

Mari ngesaki surat pak Bams nerusno ndungone. 
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan. 

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Bams diundang maneh. 
Mari mimpin ndungo, Bams lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat. 
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire. 

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak 
sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".jare Bams. 

Mari ngono Bams ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine.. 
HE.. NGALIO CUK !!! KON NGINJAK SELANG OKSIGENKU !! 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar