Selasa, 26 Maret 2013

Pengganti Kopi Luwak

inod ambek toni mertamu nang omahe bams disuguhi kopi. Jarene kopine enak tenan, soale bams ngelem kopi sing disuguhno. inod mbi toni akhire nyruput kopi soale penasaran rasane. 

toni: "Iki kopi opo cuk, kok rasane rodo kecut?" 

inod: "iyo i..kyok pesing ngene" 

bams : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku." 

#inod mbi toni yo ngenak2no nek nyruput# 

inod: "Woo ngono ta cuk, kopi opo jenenge?" 

bams: "Kopi kucing, aku gawe dewe..." 

toni : "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?" 

bams: "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. 
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku gawe kucing ae." 

#inod mbi toni mulai mikir sg gk2# 

toni : "Kucing doyan kopi ta cuk?" 

bams : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin,trus tk kei pelet titik, mari ngono tak pakakno kucing." 

#inod mbi toni wetenge wis mulai rodo mules,# 

inod : "Terus piye prosese cuk?" 

bams : "Kopine kan metu bareng taek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yo opo cuk, rasane?" 

toni: "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... kowe Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, cuk, tapi nek iki yo taek kucing jenenge!" 

inod: "tembelek !!!" 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar